My Pages

Sunday, October 9, 2016

Ora Kathokan Ora Mbayar


MBAH PUTRI
----------------
Ndek esuk bis jurusan tayu - sarang mandeg neng Pasar Porda Juwono.
Ono simbah-simbah jaritan mudhun ngelungné ongkos duwit nèng kondèktur.

- Kondektur : "Mbah, niki ongkosipun kirang!"

- Si Mbah : "Kurang kepriyé?!"

- Kondektur : "Nggih jelas kirang! Mosok namung limangatus niki?"

- Si Mbah : "Lho, mau ono bocah mbayar sewu mangatus, terus ono sing mung sewu..!

- Kondektur : "Mbahé.. Laré sing kathok dowo abu-abu wau laré SMA mbayar sewu mangatus, sing kathokan pèndèk biru wau laré SMP mbayar sewu."

- Si Mbah : "Lho nèk ngono kuduné aku ra mbayar!!....

- Kondektur : "Lha mboten mbayar pripun?"

- Si Mbah : "Lha wong aku ra kathokan!!!

Selamat Ketawa Para Sedulur....

No comments:

Post a Comment

Write here for your comment...